Selasa, 02 Juli 2013

Pidato Perpisahan ( Bahasa Jawa )

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Rembang ingkang kinurmatan, Muspika Lasem ingkang kinurmatan, Ketua Komite SMP N 1 Lasem ingkang kinurmatan, Kepala SMP N 1 Lasem ingkang kinurmatan, sedaya Bapak/Ibu wali murid kelas 9 SMP N 1 Lasem ingkang kinurmatan, ingkang kula urmati Bapak/Ibu Guru saha staf karyawan SMP N 1 Lasem ugi boten kesupen sedaya kanca-kanca kelas 9 saha adhik-adhik kelas 7 ugi kelas 8 ingkang kula tresnani.
Kaping sepindhah sumangga sami sesarengan syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuasa ingkang paring pinten kenikmatan dhateng kula tuwin panjenengan sami sehingga kita saged makempal wonten adicara perpisahan murid kelas 9 SMP N 1 Lasem kanthi sehat walafiat boten wonten alangan setunggal punapa.
Kula matur nuwun sanget dhateng rawuhipun Bapak/Ibu tamu undangan ingkang kersa nglodangaken wekdal ing adicara perpisahan kelas 9 menika.
Bapak Ibu Guru  ingkang kinurmatan
Sepindhah kula matur nuwun sanget dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu dhateng kula sakanca salami kirang langkung tigang warsa. Bapak/Ibu Guru ingkang sampun maringi bimbingan ugi ginula wentah dhateng kula sakanca kanthi sabar. Sehingga kula sakanca saged lulus ujian kanthi hasil ingkang sae.
Bapak/Ibu Guru ingkang kula urmati, kula minangka sesulihipun murid kelas 9 nyuwun pangapunten, mbok bilih kula sakanca selami dibimbing wonten kalepatan ingkang menawi disengaja utawi boten disengaja dhateng Bapak Ibu Guru kula nyuwun pangapunten ingkang kathah.
Saksampunipun kula lulus saking SMP N 1 Lasem tercinta niki, kula sakanca nyuwun idi pangestu dhateng Bapak Ibu Guru. Kula sakanca badhe nerasaken sekolah ingkang langkung inggil. Supados saged nggayuh cita-cita ingkang sampun kula dambaaken.
Kangge adhik-adhik kelas 7 saha kelas 8, kula minangka sesulihipun kanca kelas 9 nyuwun pangapunten dhateng adhik-adhik, selami kakak kelas 9 ngayahi pasinaun wonten sekolah menika, mbok menawi  kula sakanca wonten kalepatan ingkang disengaja dhateng adhik-adhik, kula sakanca nyuwun pangapunten ingkang kathah. Kula sakanca ugi donga’aken adhik-adhik mugi-mugi anggenipun ngayahi pasinaun kanthi angsal hasil ingkang sae, amin…
Mugi-mugi SMP N 1 Lasem tercinta niki dados sekolah RSBI ingkang sae ugi berprestasi ngantos dumugi internasional. Ugi dados sekolah unggulan wonten daerah Rembang.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kawula dhateng penggalih panjenengan sami, kula nyuwun samudra pangaksami
Wabillahi taufik walhidayah

Wassalamu’alikum warahmatullahi wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar